-
-
-
Grengseng Basa Jawa : Buku Muatan Lokal Wajib Provinsi Jawa Tengah untuk SD/MI Kelas 6
Rp 75.000
`Beli Sekarang
`Tambah ke Keranjang
Buku Grengseng (Greget, Ngupakara, Seneng, Nguri-uri) Basa Jawa nggadhahi kaunggulan kangge mucal muatan lokal Basa Jawi. Materi ingkang kababar kanthi sistematis lan interaktif wonten ing buku punika jumbuh kaliyan implementasi Kurikulum Merdeka. Materi kasebut ugi jumbuh kaliyan Keputusan Kepala Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Provinsi Jawa Tengah Nomor 423.5/04678 Tahun 2022 babagan Pedoman Kurikulum Muatan Lokal Bahasa Jawa Jenjang Pendidikan Dasar dan Pendidikan Menengah di Provinsi Jawa Tengah. Buku punika kasusun miturut fase, ngemot maneka warna modhel piwulangan ingkang kagiyatanipun saget dipuntrapaken dening para dwija kangge mujudaken Profil Pelajar Pancasila. Buku punika ugi ngemot pitutur luhur, tradhisi, lan budaya Jawi, mliginipun ing Provinsi Jawa Tengah. Supados langkung gamblang anggenipun mahami materi, para siswa ugi saget ngginakaken gawainipun kangge scan barcode suplemen materi. Suplemen materi ingkang sumadya wonten ing buku punika awujud audio lan video.
Pangajab buku Grengseng Basa Jawa saget ndadosaken siswa nggadhahi kaprigelan basa Jawi ingkang selaras kaliyan kawontenan jaman. Para dwija ugi saget mucal muatan lokal basa Jawi kanthi sekeca ugi runtut.

Produk Lainnya

Social Media
Alamat
0271 712684
0813 9905 5015
penerbitmkp@gmail.com
Berita Newsletter
`Berlangganan
@2024 Media Karya Putra Inc.